25 Juni 2012

SUMUR/BELIK SING BANYUNE ASIN


Ing Desa Banyuasin Separe kang kalebu Kecamatan Loano Kabupaten Purworejo ono sumur utawa belik  kang banyune nduweni rasa asin. Padahal Desa iku panggonane ono erenging pegunungan. Sing aneh maneh, sumur-sumur warga sakiwa tengene ora ono sing banyune rasa asin.
Pak Jumadi njegur ono belik
Nalika penulis nemoni Pak Jumadi Kepala Desa rikolo tanggal 7 Juni 2011 kepungkur, deweke ngendika yen sumur iku wis ono wiwit suwi. Wektu pase kapan, penjenengane ora pirsa. “Nanging wis ana wiwit biyen,” ngendikane. Miturut crita, biyen sumur iku asal mulane ana tangga desa sing aran Banyuasin Kembaran. Rehne sumur ngetoake banyu kang akeh, warga wedi yen dadi banjir. Sakwise dianake sakwijining upacara, sumur kang ana ing desa Banyuasin Kembaran banyune ora mili maneh. Nanging, banyu iku malah metu ana ing desa Banyuasin Separe, seprene.
Sumur iki dumadi ono lemahe warga sing asmane Pak Bariman ana Dusun Ngemplak RT 1 RW 4.  Sumur kuwi jerone udakara 90 centimeter lan nduweni garis tengah/diameter  kurang luwih 2,5 meter. Nalika penulis nyoba nyicipi, rasane banyu pancen krasa asin. Banyu sumur uga dipercaya warga nduweni khasiat kanggo nggampangake wong sing suwi durung jejodhoan, ngobati lara kulit, utawa wong sing kepingin ngalap berkah liyane.
Saben malem Jemuwah Kliwon utawa Slasa Kliwon, ana wae tamu kang tirakat sinambi raup utawa siram nganggo banyu sumur. Seperangan tamu ora mung rawuh seko tlatah Purworejo nanging seko wilayah liya kayadene Magelang, Wonosobo lan Temanggung.
Udakara tahun 1997, sumur nate kateliti saka UGM (Universitas Gadjah Mada) lan tahun candake saka ITB (Institut Teknologi Bandung), sing hasile mratelaake menawa ono kandungan belerang ono banyu sumur. Mung emane, Pemerintah Desa ora diparingi hasil penelitian sing wujud tulisan seko loro lembaga mau.
Saiki sumur wis dipasangi pager kanggo pengaman, Pemerintah Desa nduweni pangajab sumur iki bisa dilengkapi kanthi cungkup lan fasilitas liyane kanggo narik para  wisatawan / tamu sing kepingin mbuktekake rasa asin sumur utawa sing arep tirakat.
Yen panjenengan kepingin mirsani/ngicipi rasa asin seko sumur iku, rawuh wae ana Desa Banyuasin Separe udakara 18 kilometer adohe seko kutho Purworejo, lan 2 kilometer seko kantor Kecamatan Loano.